Teks Geguritan Rangga Warsita, Mbarang, Blangkon Tuwek, Tanah Rengka, dan Pacekuk - SDN SEBOMENGGALAN

Contact Form

Name

Email *

Message *

Tuesday, January 31, 2017

Teks Geguritan Rangga Warsita, Mbarang, Blangkon Tuwek, Tanah Rengka, dan Pacekuk

RANGGA WARSITA
Handoyo Wibowo

Pujangga jawa saka laladan Surakarta
Ciptane agung mung durung sumebar warata
Ora entek enteke ngudhar rasa-rumangsa
Isih sumringah kablebet tresna dumugi asmara
Tekane kabeh kabuka lan kablaka

Piye sa-janjane maknane uriping manungsa
Uger tumindake sumeleh ditampa dening sesama

Mulane para kawula mudha sadaya
Mangga sinaua sregep karo kebak usada
Bisaa njembarake nyegerake pikiran kita
Dikancani rasa kang tata tur tinata
Cedhak pangestune sing maha kuwasa

Ngayogyakarta, 5 Oktober 2001
(Saka: Antologi Geguritan ‘Nurani Peduli’, 2002)


MBARANG
Dyan Animataya Soer:

Bocah cilik manis, kakang adhi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa-boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan bapa-biyung, dheweke tininggal keri

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina–dina uripe kaliput ayang–ayangngane mega

1959 (Saka: Bunga Rampai Sastro Jawa Mutahkhir, 2002)

BLANGKON TUWEK
Soekoso DM

Ana blangkon tuwek
Pingginre suwek
Dikrikiti coro elek
Kuwi blangkon tuwa
Wewayangan budaya jawa
Dikrikiti jaman sarwa sulaya
Sapa bis ndondomi
Lan nganyari?

Burining blangkon keket bundhelane
Nggembol jejimat kasektening ngelmu
Dayaning nalar satuhu
Pingiring blangkon rumit lempitane
Ngandhut sesanti lembuting seni
Sukmaning rasa sejati
Kakarone nyawiji handayani
Kukuhing kapribadien jawi
Jro jantraning jaman kabek ari
Pancen blangkon sepuh
            Isih ampuh ngemu pithuduh
Nanging prang lawan mungsuh
             Arupa ulahing budaya gandarwa wor-suh
                          Apa bakal sampyuh?

Sasasra blangkon dilemparahake
          Dening pawongan sing rumangsa duwe
                      Supe purwduksinane        
Sapa bias gawe lestrari     La ngopeni?            

2009, Potrowijayan
 (Saka: Antologi Geguritan ‘Prasasti’, 2013)


TLATAH RENGKA
JFX Hoery
     
Wiwit angin ngelus nganti puput
Lingsir wengi mati
Isih dawa lamun rinonce crita
Ing kene nate mekar
Jaka lan kenya amoh tresna
Uga nate mili ludira para nayaka
Asung bekti pecahing jaja kanggo ibu pertiwi
Wiwit esuk angun ngelus nganti puput
Lingsir wengi mati
Swarane kidung lawas sepa
Kabeh wis mungkur
Tlatah iki tlatah rengka

Padangan Bojonegoro, 1973 (Saka: Kumpulan geguritan Pangelaran, 2003)


PACEKUK
Priyanggana
                                   
Anakku, puluh puluh wis begjaku lan begjaku
Kowe ora menangi sega beras anyar
Ora weruh biyungmu nutu pari teles

Anakku anak siji dak aji-aji
Dak-golekake pangan tekan ngendi endi

Mangsa ketiga dawa panase
Sumelet tanpa mega
Padaringan kothong tanpa isi

Anakku anak siji dak aji aji
Dak jaluk gagas leles pari

Panase sumelet tanpa mega
anak siji dak aji-aji
Dak turoake ing galeng dak kemuli

Anakku, nyuwaraa maneh kaya mau
Dhek jinojoh kang duwe sawah

Anakku siji dak aji aji
Mati jinojoh wong; sinengguh colongan pari

(Saka: Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, 1984)