Dumadine Aksara Jawa - SDN SEBOMENGGALAN

Contact Form

Name

Email *

Message *

Saturday, November 30, 2013

Dumadine Aksara Jawa

sejarah huruf jawa hanacarakaPrabu Dewatacengkar Ratu ing Medhangkamulan. Prabu Dewatacengkar seneng dhahar daging wong. Mula wong-wong ing Medhangkamulan padha susah atine. Malah akeh sing padha ngapusi menyang panggonan liya. Padha wedi yen didhahar Dewatacengkar.

Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kanga ran Ajisaka. Ajisaka mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha crita kedadean ing Negara Medhangkamulan.


Ajisaka trenyuh atine. Ajisaka duwe abdi loro cacahe kanga ran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi njaga keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada.
  1. Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali.
  2. Kerise ora kapareng diwenehake sapa bae kajaba Ajisaka dhewe.
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh didhahar Dewatacengkar, nanging duwe panyuwun, yaiku lemah saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.

Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget. Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul, Dewatacengkar kecemplung segara. Dewatacengkar badhar dadi baya putih.

Banjur Ajisaka diwisudha dadi ratu ing Medhangkamulan. Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan wong loro iku kepethuk Dora. Dora banjur ngajak nusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka. Dora njaluk kerise. Sembada ora ngulungake, amarga dudu Ajisaka dhewe kang njupuk. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan.

Dora lan sembada perang tandhing. Loro-lorone mati kabeh. Kanggo pangeling-eling lelakon iku, Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara jawa rong puluh iku mangkene:
  1. Ha na ca ra ka, tegese ana utusan
  2. Da ta sa wa la, tegese padha pasulayan
  3. Pa dha ja ya nya, tegese padha digdayane (kuwate)
  4. Ma ga ba tha nga, tegese pada matine